Monday, May 21, 2018

Warung Kopi ( Puisi Jawa/ Geguritan)






         WANDE KOPI


Bebasane....
Sagtlugut Kolang Kaling
Sarambut pinara sasra
Sayekteni tan ana nalisip
sajroning pangangen angenku

Yagene amarga kanugrahaning Gusti
uga kareman kang dadi karemenan saba warung kopi
Saiki Dumadi Pakaryan kang
wus udakara 3 taun ndak lakoni

Wiwit mudha tumaruna
nganti bebrayan balewisma
Wedang kopi kang dadi sarana
anyukupi abot entenge butuh bebutuhan gesang
Nadyan Wus gonta ganti papan
Gonta ganti pakaryan
sak nduwur e bumi
nganti Layar sak Duwur e samudra
Jebul Mung iki garis pinesti
kang awet ndak lakoni tetela
krasan manjing tumus tumanjeming ati

No comments:

Post a Comment